Image of Kirti Njunjung Drajat

Text

Kirti Njunjung Drajat



Obah-mosiking pikirane Darba (paragatama, tokoh utama novel iki, sing ana ing awal cerita iki lagi magang dadi priyayi wis entuk rong taun) anggambarake obah-mosiking pikirane saperangan nonoman awal abad ka-20. Darba, anak priyayi jajar, mikir yen ajen-inajen kapriyayen ing jaman kang arep tumeka mesthi bakal saya surud. Ajine uwong, miturut pamikire Darba, ora dumunung ana status kapriyayen nanging gumantung marang kepinteran, pakaryan lan budi pakertine. Lan iki mau kabeh disuprih dening Darba kalawan sregep nyinau apa bae sing migunani kanggo panguripan lan pangupajiwa, tumemen makarya lan tansah becik enggoning sesrawungan karo sapepadha. Miturut pengarange, Darba bisa dadi gegambarane uwong Jawa kang mengkone dibutuhake dening jaman kang arep tumeka, yaiku jaman merdhika lan luwih maju. Kirti Njunjung Drajat yasane Jasawidagda (cithakan kaping siji taun 1924) iki uga isa dadi dokumentasi sejarah lan alam pikiran dalah budaya Jawa mangsa samana.


Ketersediaan

5352819 Jas k8-15Tersedia

Informasi Detail

Judul Seri
-
No. Panggil
819 Jas k
Penerbit PT Kiblat Buku Utama : Bandung.,
Deskripsi Fisik
-
Bahasa
Indonesia
ISBN/ISSN
978-979-8002-07-6
Klasifikasi
819
Tipe Isi
-
Tipe Media
-
Tipe Pembawa
-
Edisi
Cet.2
Subjek
Info Detail Spesifik
-
Pernyataan Tanggungjawab

Versi lain/terkait

Tidak tersedia versi lain




Informasi


DETAIL CANTUMAN


Kembali ke sebelumnyaDetail XMLKutip ini